Selamat datang di Sidowayah RT 01/06 Ngreco, Weru, Sukoharjo

handphone-tablet
Breaking News
recent

Warna Anyar Gapura RT


Sedela maneh ngancik wulan Agustus ing tahun 2016, kang ana ing wulan iku dipengeti Dina Kemerdhekaan Republik Indonesia kang angka kaping 71 tahun.

Diwiwiti inisiatip saka bocah-bocah nom-noman kang ana ing kampung, gapura RT cacah rong pasang kang mapan ing prapatan mesjid lan prapatan kulon, dirombak kanti dicat anyar. Amarga warna cat lawas wis katon pudhar lan wis ngancik umur kang matahun-tahun, mula ana ing wektu iki para kanoman rumangsa perlu ngecat supaya ana rupa anyar ing Agustusan tahun iki.



Dipandeghani Rokhim, Hasim, Tri Wahono, kabiyantu Ari, Sidiq, saha Gentur, uga saperang bapak-bapak, gapura diresiki saka cat lawas kanthi gunakake alat arupa gerendha, banjur dioles cat anyar warna abang lan puthih, kang identik karo wulan Agustus.



"Alhamdulillah, merga kompake para nom-noman lan didhukung Pak RT, gapurane wis ganti warna anyar," ujare Rokhim kang katon paling rajin anggone ngecat gapura.

Acara ngecat gapura iku kalaksanan pirang-pirang wengi, sak selane para kanoman.



Sak iki, gapura wis kasawang apik lan murup warna anyar, siap kanggo mengeti Agustusan. Abang lan puthih, warna gendera negara kang duweni makna kendhel uga suci.
Wakhid Syamsudin

Wakhid Syamsudin

4 comments:

Powered by Blogger.